Banyu Langit : Didi Kempot - Lirik

Sworo angin, angin sing ngreridu ati
Ngelingake sliramu sing tak tresnani
Pingin nangis ngetokke eloh neng pipi
Suwe ra weruh senajan mong ono ngimpi

Ngalemo ngalem neng dodoku
Tambanono roso kangen neng atiku
Ngalemo, ngalemo neng aku
Ben ra adem kesiram udaning ndalu

Banyu langit sing ono nduwur kahyangan
Watu gedhe kalingan mendunge udan
Telesono atine wong sing kasmaran
Setyo janji seprene tansah kelingan

Ademe Gunung Merapi Purbo
Melu krungu sworomu ngomongke opo
Ademe Gunung Merapi Purbo
Sing neng Langgran Wonosari Jogjakarta

Jajine lungane ra nganti suwe-suwe
Pamit esok lungane ra nganti sore
Janjine lungo ra nganti semene suwene
Nganti kapan tak enteni sak tekane

Udan grimis telesono klambi
Jroning dodo ben ra garing ngekep janji
Ora lamis gedhene nggonku nresnani
Nganti kapan aku ora biso lali

Ademe Gunung Merapi Purbo
Melu krungu sworomu ngomongke opo
Ademe Gunung Merapi Purbo
Sing neng Langgran Wonosari Jogjakarta

Jajine lungane ra nganti suwe-suwe
Pamit esok lungane ra nganti sore
Janjine lungo ra nganti semene suwene
Nganti kapan tak enteni sak tekane

Comments

Popular posts from this blog

Nusantara I - Jamal Mirdad

Lirik Lagu : Caping Gunung - Waljinah

Lirik Lagu : Tidak Semua Laki Laki - Basofi Sudirman